Estri: Soko Guruning Bale Wisma lan Cagakipun Nagari

Perempuan dari Rumah untuk Kontribusi Bangsa/ Ilustrasi AI


Oleh : Hujanriang


Refleksi hari Kartini, piye miwiti ‘peningkatan kualitas perempuan dan keluarga, berkontribusi untuk bangsa?’


Paling ora, mbok wedok neng ngomah ki iseh dadi sahabat terdekat neng duniamu ora? 


Dirimu iseh gelem ajak deknen guyon-guyon bek ora spaneng? Kadang mbahas sik ora penting tapi gawe ati tentrem.


Ora malah berkilah “Halah le rabi wes suwe, ora mangsane haha hehe berdua,”


Ora nek ketemu neng ngomah posisi podo-podo sayah Ba, Bu, Ba, Bu, Ba, Bi, Ba, Bi ujunge mung bahas ‘anak sisuk bayar SPP, durung bayar listrik, mobile kudu service, setumpuk ‘katresnan’ sik antri kudu dikondangi’.


Banjur lali karo katresnan sik kudune dibangun neng njero omahmu dhewe, lali tekok “Piye kondisimu hari ini, Sayang?”


Kasure iseh dadi siji, tapi atine saling terbelah nendi-nendi. Loro karo pada sibuk mbatin dhewe-dhewe. 


Coba saling cerita, mbok menawa “Menapa-menapa ingkang Kangmas penggalih, saestu ugi sampun dangu dados pangangen-angen kula,”


Tagline Hari Kartini dino iki “Meningkatkan kualitas perempuan dan keluarga, berkontribusi untuk bangsa,” asli kudu dibangun saka njeron omah lan uga butuh kontribusi saka sigaran nyawa. 


Kayadene RA Kartini kang ngajokke syarat-syarat sakdurunge pernikahan karo K.R.M. Adipati Ario Singgih Djojo Adhiningrat, supaya tetep bisa ‘berkontribusi untuk bangsa’ sakjroning ikatan pernikahan. Piyambake tetep bisa sinau, tukar pikiran karo konco-konco kanthi ‘donya’ lan basa kang beda. Munculke tulisan-tulisan kang harum lan inspiratif tekan zaman iki.


Minimal mbok pastekne, wong wedok neng ngomahmu, neng perlindunganmu iku ngerasa aman lahir batin, bahkan saat tok tinggal lunga.


Yen awakmu mlayu lan berkembang, ajak sinau bebarengan, ojo mlayu dhewekan, ojo sampek tembe mburi awakmu dadi mentereng, deknen neng ngomah iseh meraba-raba arah padahal tiyang setri sigaraning ati iku sik ngancani awakmu saka permulaan.


Habis gelap, terbitlah terange bangsa iki tiange saka perempuan, termasuk sing neng njeron-njeron omah lan perlindunganmu. 


*Hujanriang adalah nama pena dari Ananda, staf komdigi DPD PKS Kulon Progo, DIY 

Posting Komentar

0 Komentar