| PKSFoto/Ety Nurdiyanti |
PATING GALIDRAH
Oleh: Eko Jakasampurna
Pating galidrah para Dubriksa para Raseksa ngalap Amarta
Negara bosah boseh tata aturan cengkah
Panguwasa kasirep gendam asmara
Sapa sulaya lena sapa polah
jrebabah dhepani lemah
Para Dubriksa para Raseksa mardika laku sakenya-kenya
Sumber pangan kauntal
Sumber energi kauntal
Sakehing sumber panguripan kauntal, katenggak kaulu malang
Pinotheng-potheng remuk kanggo rebutan
Negara jinarah pontang panting polahe kawula lumrah
Dadi keset dadi kethiplak kaidek-idek tanpa swala tanpa keconggah
Nangis jerit bingung goleki papane sambat
#
Padurenanfebr'22

0 Komentar